Kamis, 16 Januari 2020

GAMELAN

GAMELAN

Gamelan inggih menika  seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa tembang minangka klenengan.

Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud,  bahan, cara nabuh gamlen :

1. Wujud Tebokan

Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).
1.
KENDHANG AGENG
Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
2.
KENDHANG KETIPUNG
Kendhang kang paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
3.
KENDHANG CIBLON
Kendhang kang duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
4.
 

Kendhang Wayangan

Kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.


2. Wujud Wilahan

Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
1.


Gender
Gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
2.
 

Slenthem
Wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender gantung.
3.


Gambang
Wujudipun gedhe tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha
4.


Saron Demung
Jinis saron kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.
5.



Saron Barung
Jinis saron tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung.  Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik
6.


Saron Peking
Jinis saron kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.


3. Wujud Wilahan Pencon

Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.
1.



Slentho
Cara nabuhipun dithuthuk.
2.

Gong Kemodhong
Ditabuh ngagem gembel.
3.

Kecer
Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.


 4. Wujud Pencon

Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.
1.

Bonang Panembung
Wujud bonang kan paling gedhe.
2.


Bonang Penerus
3.



Bonang Barung
Wujud bonang sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus.
4.


Kethuk
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
5.


Kempyang
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
6.
Kenong
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.
7.


Kempul
Biasane digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
8.


Gong Ageng
Gamelan kang ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
9.


Gong Suwukan
Gamelan kang ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng.

5. Wujud Kawatan

Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
1.


Rebab
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek.
2.
Siter
Wujud gamelan kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.

3.


Celempung
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.


6. Wujud Pipa

Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
1.


Suling
Dipundamel saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
2.



Kemanak
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.


SUMBER : LKS BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER 2
http://fridhaauliasari1d.blogspot.co.id/2017/05/uyon-uyon.html

PRANATA ACARA

Pranata acara


Paugeraning pranatacara adicara lan pamedhar sabda
      Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inttih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.
      Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancak, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.
    Sakjatosipun, pakaryan pranatacara mekaten sanes satunggaling pakaryan ingkang awrat / angel, awit saksintena mawon priyantun ingkang mboten nandhang tuna wicara utawi ingkang kedaling lesan mboten cetho, tamtu saged ninda’aken pakaryan pranatacara kasebat. Ananging ingkang kathah sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa.
       Ananging babagan punika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pacopanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi kemawon, jer leres pikajengipun cak-cakanipun, saha gampil kasuraos dening saksintena ingkang sami midhangetaken.
     Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged ngrengkuh sarat sarana ingkang baku, inggih punika :
·          Swara
    Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing ( menawi wonten ).
     Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah ( dipun damel-damel ). Ing babagan swanten meniko, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara ( ucapan ), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsudipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.
       Wirama ( lagu ) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken, kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah
pikantuk kawigatosan ingkang mirungga, amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.

Sumber: blogmublogmu.com

KINANTI

KINANTI


Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni. Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan  L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh.

Pupuh Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu (8/u)
ing sasmitha amrih lantip (8/i)
aja pijer mangan nendra (8/a)
kaprawiran den kaesthi (8/i)
pesunen sariranira (8/a)
sudanen dahar lan guling (8/i)

Padha latihen ing ati,
Ing pratandha supaya gathekan,
Aja tansah memangan lan turu wae,
Tumindaka kang utama kang dadi sedyamu,
Usahakna dening awakmu,
Sudanen anggonmu memangan lan turu.

Watak tembang kinanthi

Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nalekane rasa tresna asih

Sumber: koplendzblogspot.com

AKSARA JAWA

AKSARA JAWA


1.Surat dhasar (Naskah Nglegena) Aksara Nglegena minangka paraga inti sing dumadi saka 20 suku kata utawa umume disebut Dentawiyanjana, yaiku: ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, ya, ma, ga, ba, tha, nga

Hasil gambar untuk AKSARA JAWA

2. Surat Pair (Surat Surat) Saperangan huruf digunakake kanggo nyuda aksara swara konsonan ing ngarepe. Contone, kanggo nulis sega mangan (mangan beras) pasangan kudu "se" supaya "n" ing mangan ora nggawe swara. Tanpa anané pasangan kasebut, tulisan bakal maca mangan mangan. Ing ngisor iki minangka dhaptar Script Kupon:

3. Surat Utama (Skrip Murda) Skrip Murda sing digunakake kanggo nulis wiwitan ukara lan tembung sing nuduhake jeneng wong, judhul, kutha, institusi, lan jeneng liyane sing ing Indonesia kita nggunakake huruf kapital. Mangkene Tulisan Murda lan Kurda Murda:

4. Ing wektu iki, sejatine bisa dicoba langsung lan biasane dianggep sah tanpa ditambahake karakter liyane (kaya sing dak tulis ing ngisor iki). Amarga Rada Riweuh mbesuk uga sinau mau. 4. Vokal Mandiri (Naskah Swara) Aksara Swara yaiku aksara swara utawa vokal utama: A, I, U, E, O ing ukara. Biasane digunakake ing wiwitan ukara utawa kanggo jeneng kanthi ater-ater vokal sing mbutuhake huruf kapital.

5. Sumpah ora mandiri (Sandhangan) Beda karo Skrip Swara, Sandangan digunakake kanggo aksara vokal sing ana ing tengah tembung, dibedakake kalebu adhedhasar kepiye diwaca.

6. Huruf tambahan (Partner Kasusastran) huruf mitra yaiku serat sing asale saka panyerepan basa asing, yaiku: kh, f, dz, gh, z

7. Punctuasi (Pratandha) Ing nulis ukara ing aksara Jawa, uga prelu nglebokake bantal, sing beda-beda digunakake.

Sumber: http://dududth.blogspot.com/2012/08/learn-kara-jawa-that-forget.html

GEGURITAN

Pangertene Geguritan

Geguritan yaiku puisi jawa anyar kang ora kaiket dening paugeran tertemtu.

Titikane Geguritan
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes

Unsur-unsur geguritan
Unsur Intrinsik
1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit.

2. Pamiling tembung/diksi :  pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan.

3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung-tembung kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa.

Tuladha lelawaning basa :
a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa
tuladha : Serngenge iku ngguyu mesem marang sliramu.

b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang sipate pada.
tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja.

d. Repetisi : penganggit kepingin nuduhke maksude ing geguritan kanthi mbolan-mbaleni tembung.
tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.

4. Citraan/imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti indra.

5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten.

6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.

Unsur Ekstrinsik
1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis
2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane.
3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.


  • Tuladha Geguritan


TITIK SAKA DESA
Bambang P

Dak rungu titir saka desa
Dudu titire eyang, paman, uga biyung
Kang ngudarasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sangpujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasustran
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!

Jlentrehane :
Liding crita : Kabudayaan
Pamiling tembung :Titir, ngudarasa, kedunge, wirangi, sabawa, jaja, sangpujangga
Lelawaning basa : Jago-jago padha kluruk wayah sore , Menawa kali ilang kedhunge, Pasar ilang kumandhang
Citran : Pangrasa lan pangrungu
Latar : desa, trenyuh, sore
Pesen : Aja nglalikake budaya Jawa.


Sumber : Synaoo.com

GAMELAN

GAMELAN Gamelan inggih menika  seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali saha...