KINANTI
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni. Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh.
Pupuh Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu (8/u)
ing sasmitha amrih lantip (8/i)
aja pijer mangan nendra (8/a)
kaprawiran den kaesthi (8/i)
pesunen sariranira (8/a)
sudanen dahar lan guling (8/i)
Padha latihen ing ati,
Ing pratandha supaya gathekan,
Aja tansah memangan lan turu wae,
Tumindaka kang utama kang dadi sedyamu,
Usahakna dening awakmu,
Sudanen anggonmu memangan lan turu.
Watak tembang kinanthi
Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nalekane rasa tresna asih
Sumber: koplendzblogspot.com
Bagussss
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus👍
BalasHapusSangat membantu
BalasHapus